Monday, July 4, 2011

Dialog dengan Awan

Suatu pagi, awan kelabu terbang rendah menghampiriku

awan : "Assalamu'alaikum gus"
aku : "Wa'alaikum salam, nopo ngger?"
awan : "niku gus, nembe usum kawinan, kulo malah bingung. nggen ngriko kapurih diparingi terang, ngriki ajrih ampun ngantos jawoh, lha kulo ken pripun niki?"
aku : "lha kok bingung nopo? dawuhe piye?"
awan : "lha nggih niki ndelalah saking mikail sedanten diaturi ngumpul ngriki, mangke sonten di kengken njawohaken sedanten"
aku : "lha njuk ngopo, udan gari udan"
awan : "lha teng ler ngriko gus udin ingkang ndungani, sisih wetan ngriko kaji yasin, teng kulon mbah bejo, siseh kidul malah poro haba'ib ingkang ndungani, lha kulo kan ajrih, mangke ndak kuwalat pripun?"
aku : "sing ngongkon awakmu nibakno udan sopo? kan gusti Allah, lewat mikail, gari manut wae angel temen, lha wong-wong kuwi kan mung menungso, opo ajine, opo mandine, rasah mbok turuti sing ngono2 kuwi. mengko mandah gumedhe, awakmu gelem nanggung dusone?"
awan : "nggih mboten ngoten tho gus, tapi kulo kan ajrih, mangke menawi menopo2 kulo ingkang didukani"
aku : "lha lapo nesu? rumangsane dhewekne ki sopo? wis angger manut wae, nompo dawuh, mangkat, rasah tolah-toleh"
awan : "njih gus, pangestunipun"
aku : "yo"
awan : "lha niki ajeng teng pundi gus?"
aku : "ngantor tho ya, aku ki yo menungso butuh mangan, lha ra tau mbok udani duwit"
awan : "nopo ngersa'ke? kulo jawohaken arto sakniki?"
aku : "halah, rupamu... mengko wong dho geger malah, rasah guyon kowe"
awan : "lha nggih mboten, kersane njenengan mboten usah nyambut damel, kan sayah"
aku : "ngene ngger, ono kyai2 gedhe merdukun do ndungo ben ora udan, ben udan, nggo sarono golek dhuwit, kuwi wae tak penging, lha aku malah mbok kon njaluk udan duwit, rumangsamu aku ki sopo? wali yo wali, nanging ora keno koyo ngono kuwi, ora keno milih sugih utowo kere, ora keno ngarep2 bujang utowo bojone okeh, ora keno nduwe karep, karepku yo karepe gusti Allah, karepe gusti Allah yo karepku"
awan : "ooo, ngoten tho gus"
mikail : "Assalamu'alaikum WR WB"
aku&awan : "wa'alaikum salam"
mikail : "jebulane nang kene tho, tak golek'i ket mau. sepurane gus, malah ngganggu njenengan niki"
awan : "njih, ngapuntene ingkang kathah"
aku : "wis rasah didukani, wong yo podho2 makhluk, wong yo iki mau musyawaroh, golek manfaat dudu mudhorot"
mikail : "njih gus, kulo tak pareng rumiyin, niki radi sibuk, mangke sonten ajeng jawoh ageng, njenengan kulo aturi teng nggriyo kemawon"
aku : "iki meneh ngajari, nek pancen jatahe kudanan yo kudanan, jatahe garing yo garing, lak ngono tho?"
mikail : "njih leres, nggih mpun kulo pareng rumiyin, ngapuntene ingkang kathah gus"
aku : "monggo-monggo, ora usah sungkan-sungkan ngono, biasa wae"
mikail : "njih gus, pareng, assalamu'alaikum"
aku : "wa'alaikum salam"

Dan awan kembali naik ke angkasa diiringi petir dan kilat menyambar, dan sore itu Jakarta hujan deras dimana-mana, jalan-jalan protokol hingga jalan tol terendam genangan 10-50cm